Selasa, Mei 13, 2008

Saru tapi Sehat

(ayik's post)
Kenopo judule Saru tapi Sehat ? yen dipikir-pikir ngentut kuwi (barang) saru alias tidak sopan, apalagi kalau bau. Si Bapak kalau ada kentut yang baunya naudzubillah selalu nanya " abis makan cindhil ya ? " ha...ha..Tapi, kemaren tetanggaku terpaksa harus diopname karena kentutnya macet, perutnya kembung etc dan beberapa gejala yang menyertainya. Setelah dievaluasi, dan di obati, dokternya bilang, " tunggu sampai buang angin ya, Pak. Habis itu pasti sembuh, dan Bapak boleh pulang". Setelah pasien buang angin (sekali saja), benar lho, boleh pulang. Tapi aku lupa nggak nanya nama penyakitnya apa, yang jelas cuma untuk bisa kentut saja dia harus opname 2 hari....
Ternyata kentut bisa menjadi indikasi bagaimana sifat seseorang.

1) Wong sing ORA JUJUR: Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
2) Wong GOBLOG: Wong sing ngempet ngentut sampai jam-jam an.
3) Wong sing JEMBAR WAWASAN'E: Wong sing ngerti kapan kudu ngentut.
4) Wong sing SENGSORO:Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
5) Wong sing MISTERIUS:Wong sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
6) Wong sing GUGUPAN: Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut.
7) Wong sing PERCOYO DIRI (PD): Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune mestiwangi.
8) Wong sing KEJEM (SADIS) :Wong sing nek ngentut terus dikibasno nang koncone.
9) Wong sing ISINAN: Wong sing nek ngentut terus ke'isinan dhewe.
10)Wong sing STRATEGIS: Wong sing nek ngentut ning ngarep'e wong lio iso nylamurke entut'e nganti wong lio ora kepikiran maneh.
11)Wong sing BODHO: Wong sing nek bar ngentut terus ambegan njero-njero dienggo ngganti entute sing metu.
12)Wong sing GEMI: Wong sing nek ngentut metune diatur sethithik-sethithik .
13)Wong sing SOMBONG: Wong sing seneng ngambu entute dhewe.
14)Wong sing RAMAH: Wong sing seneng ngambu entute wong liyo.
15)Wong sing ORA RAMAH:Wong sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-ngamuk.
16)Wong sing KEKANAK-KANAKAN: Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-blekuthuk .
17)Wong sing ATLETIS:Wong sing nek ngentut karo ngeden.
18)Wong JUJUR:Wong sing ngakoni nek awak'e bar ngentut.
19)Wong PINTER:Wong sing iso niteni ambune entut wong lione.
20)Wong SIAL: Wong sing dientuti terus karo wong lio.
21)Wong sing KURANG KONTROL DIRI:Wong sing nek ngentut mesthi katutan ampase.(nggilani...!)
22)Wong sing ORA IKHLAS: Nggak mambu entute dewe, wong liya sing mambu muring- muring.
23)Wong sing GEMI:Wong sing menowo ngentut, metune swara entut di endat- endat dadi ping 7.
24)Wong sing SOK AMAL:Wong sing menowo ngentut, metune di brolno, sak ampase. (nggilani...!)
25)Wong RA UMUM : Yen ngentut dilagokake.
27)Wong PENSIUNAN PRAJURIT: Yen ngentut dipenggak-penggak, kareben swarane kadya unining bedil.
29)Wong SOLO/YOGYA (mohon maaf untuk yang sering ke Solo!): Entute aluun banget, dawa lan sajak ndandang gulo.
30)Wong RADUWE GAWEAN: Ndiskusekake soal entut (kayata sing maca).
Tambahan: Wong GENDHENG: Wong sing ngamati ciri-cirine wong liya saka carane ngentut!!
Kalau ada nomer-nomer yang ilang, itu artinya adalah ciri-ciri kentut yang gak lolos sensor, khawatirku nafsu makanmu langsung ilang setelah moco postingan iki. Lha, miturut mu kowe termasuk sing endi, Nut ? Ra perlu dipublikasiken, cukup di batin wae.
Posting tanpa gambar, aku bingung arep tak wenehi gambar apa ?

Tidak ada komentar: